Wednesday, January 20, 2010

naskah pidato saya :)

Assalamualaikum Wr. Wb

Ibu Winarsih ingkang dhahat kinurmatan. Sedaya rencang – rencang ingkang tansah kula tresnani.

                Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapaaken puji syukur katur dhumateng ngersanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dumatheng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng.

                Rencang – rencang ,ing wekdal punika kula badhe tanggap wacana bab TV ingkang ngilangaken seni tradisional. Kayata ingkang sedanten mangerteni negari kita kagungan kathah pulo ingkang dipanggeni suku – suku ingkang warna – warni. Babuyutan kita sampun mwarisaken seni kabudayan tradisional arupa tari – tarian, lagu daerah, musik utawa alat musik kaliyan basa daerah .

                Rencang – rencang ingkang dak tresnani, ing jaman ingkang sampun modern punika kagungan pengaruh ingkang kathah dumatheng seni tradisional. TV, salah sawijine teknologi utawa alat komunikasi ingkang sanget dipunremeni masyarakat. Media elektronik ingkang migunanipun kagem hiburan punika, sampun kadhung dados lambang jaman saiki. Acara – acara TV punika pengaruhipun negative sarta mbebayani marang seni tradisional. Dipunakoni  punapa mboten, wiwit saka perkara – perkara ingkang sepele, bocah – bocah para generasi panerus ingkang mesthine ngelestariaken seni tradisional supaya ora ilang, malah niru carane nyandang sarta bebasane para tokoh ingkang dideleng. Padahal tokoh punika nyimapang sanget saka seni tradisional. Tuladhane malih, sinetron – sinetron utawa film layar lebar kathah ingkang mboten pantes dipundeleng.

                Rencang - rencang ingkang dak tresnani, kita para generasi panerus bangsa kaliyan negari kita, mesthi bisa milih dampak positif kaliyan mbuwang dampak negatif acara TV ingakang bisa ngilangaken seni tradisional ingakang sampun kita nduweni saniki. Kita mesthi milih sarta milah punapa ingakng becik kaliyan punapa ingkang ala.

Wusana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkunging atur, nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

 

0 comments:

Post a Comment